selamat datang pengunjung

Terimakasih atas kunjungannya gan...jangan lupa kasih koment dan saran,agar ane bisa memperbaiki kekurangan blog ane gan
,dan jangan lupa kasih makan ikan ane.

Sabtu, 06 Agustus 2011

Puisi Bahasa Jawa by Tofik Siputut Kesepian | Puisi Bahasa Jawa atau geguritan yang menarik ini ada banyak sekali macamnya. Puisi bahasa jawa di sini adalah beberapa puisi atau geguritan yang bagus. Dalam puisi bahasa jawa ini di suguhkan bagi temen- temen yang membutuhkan puisi jawa ini, entah untuk tugas, cuma baca-baca doank dan lain-lain. Ok deh tidak usah terlalu lama menunggu, langsung saja di bawah ini adalah kumpulan puisi yang memakai bahasa jawa.

UDAN WAYAH SORE
udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep- arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu

PETENGING WENGI
sumribit angin ngelus langit sore
manuk sriti bali ing pucuking cemara
nganti tekaning wengi sing nyenyet
gawang-gawang katon pasuryanmu gawe tambah kekesing angin sore
tumlawung rasa kang ngulandara
wengi bakal tumeka maneh
bareng karo wewayanganmu
kang bakal ngebaki impen petenging wengi lumaku turut petenging lurung
bakal gawang-gawang campur mega-mega
apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?

LINTANG-LINTANG
lintang-lintang abyor ing tawang
cumlorot sliweran nalika alihan
kumleyang mencok ing socamu asihku
cahyane gumebyar sunare gilar-gilar
ing telenge atimu sliramu tansah dakantu lintang-lintang alihan
cumlorot telu ana pundhakku
kawitan lintang abang lintang perang
kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan

WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANU
rong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene
saklawase ora nate ketemu
saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthi
gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur
wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih
ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur
ana cerita rinajut endah dik, kala kala sliramu isih dadi impenku
pirsanana ana nduwur kae
ana teja manther ing sela-selaning gegodongan
lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen
simpenen kangenmu ana impen

SEDYAKU
Wis, Jeng…
Aku sumeleh
nyelehake pangarep-arepku
marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
yen nyatane amung semene
cunthele lelakonku… Pepenginku tansah sumandhing
lan nresnani sliramu
kudu dakprunggel
sing luwih wigati, Jeng
donga lan pengestumu wae
tansah mili kanggo aku Wis, Jeng
aku pamit
becik njembarake pikir
nggayuh kabegjan
mring ati lan katresnan satuhu
tan ora binagi ing liyan sempurna ing guritan siji…

PEPADANG BAKAL TUMEKA
angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandungan
mecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samun
bumi kang kapidak kebak sinengker
anggawa ganda bacin
manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sore
peteng kang gemuleng ing angganing manungsa wus sinerat ana ing kitab duk ing uni
pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah
kanggo kita sami jalma manungsa
kang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samun
amadhangi sakendhenging jagat raya
mara gage kita sami tumenga ing angkasa
mangayubagya rawuhipun sang pepadhang
kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga
mangestu nampi pepadhang

RON GARING
Wengi sansaya atis
nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
kang digawa dening angin prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagatku ana ngendi papanmu
lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan krasa luwih abot
anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku ora mantep kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu
pedhut ing sakindering pandulu panjenengan
guruku, sihku, oborku
kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.
Pengarang: Budhi setyawan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar